Penulis | : | MISTIYAH |
Diterbitkan | : | 14 April 2020 22:45 |
Jenjang | : | SMP/MTS/Paket B |
Kelas | : | 8 |
Mapel | : | Bahasa Jawa |
Keterampilan maca lan nulis aksara Jawa penting banget diparingake bocah, awit isih akeh sejarah lan budaya kang sinerat mawa aksara Jawa. Lamun generasi kita ora bisa maca lan nulis aksara Jawa, mokal bakal bisa rumangsa handarbeni, apa maneh angrungkebi. Mangka isih sumimpen akeh piwucal luhur kang becik ora mung diwaca nanging uga dicakake ing urip bebrayan.